“ASAL USUL DESA PURWOREJO”
Konon jarene sadurunge dadi Desa Purworejo, daerah iki mung perdukuhan yaiku Jambean, Plumbungan, lan Bonggoro. Saka katelu dukuh kasebut, sing dadi wiwite Desa Purworejo yaiku Dukuh Jambean. Ana kabiasaan kang unik saka masyarakat Jambean kang ndadekake daerah kasebut dijuluki sebutan Purworejo.
Ing jaman biyen, Jambean iku daerah kang subur banget. Ing daerah kasebut, akeh tumbuh wit-witan. Salah sawijining wit kang dadi dominasi yaiku wit jambe. Saka akehe wit jambe sing tumbuh ing daerah iku, masyarakat nyebut daerah iku Jambean.
Ing taun 1957, Dukuh Jambean iku kampung kang sepi penduduk. Ing daerah iku mung ana 35 omah. Suasana kampung sing sepi ndadekake tokoh masyarakat nduweni ide gawe pagelaran. Kadadeyan iku dikarepake dadi salah sawijining panggonan kumpule warga kanggo nyiptakake kampung sing luwih nengsemake.
Mula saka iku digawe pagelaran seni kang diadakake sesasi pisan. Pagelaran mau isine seni tembang macapat lan diiringi sendra tari. Pentas kasebut bisa narik perhatian masyarakat, mula saka iku akeh warga sing melu nyemarakke kagiatan kasebut.
Nanging soyo suwe masyarakat Jambean mulai bosen. Sing nekani pagelaran iku soyo suwe saya sitik. Saka prastawa kasebut diadakake evaluasi. Saka evaluasi iku ditarik kesimpulan yen masyarakat Dukuh Jambean saben kumpul iku rame ne mung ning awal. Mula saka iku tokoh masarakat menehi julukan Dukuh Jambean istilah “PURWOREJO” kang dijupuk saka basa sansekerta. “PURWO” artine awalan. “REJO” artine rame. Sekabehe diartikno “Ramene mung ing awal”.